100 bangunan lan struktur paling dhuwur ing Paris

Pratélan 100 yasan struktur paling dhuwur ing tlatah Paris,kalebu uga wewengkon urban sajeroning Paris (Paris lan komune).

La Défense,di deleng saka Arc de Triomphe.

Tlatah urban Paris kang duwé pencakar langit kang luwih akèh saka wewengkon metropolitan liyané Uni Èropah:[1] Taun 2007, kaetung ana 14 pencakar langit kang duwé dhuwur 150 mèter (492 sikil), minangka salah sijiné yasan mau nembé diyasa yaiku (Tour AXA), kaanan yasan pencakar langit kang ana ing Paris manawa dibandingake déning 10 pencakar langit kang ana ing London lan Frankfurt uga papat yasan paling dhuwur kang ana ing Madrid lan Warsawa. Bisa disimpulake yasan kang paling dhuwur ing Paris kang dumunung ana ing telu wewengkon yaiku: La Défense, dumunung ana ing pinggir kutha njèro kulon kang ana ing tengah-tengah département Hauts-de-Seine, Italie 13, dumunung ana ing separo kidul arondisemen angka 13, lan Front de Seinte, dumunung ana ing arondisemen angka 15.

La Défense yaiku wujud distrik bisnis mirunggan kang gedhé dhéwé kang ana ing Èropah. Wangunan kang ana ing wewengkon, La Défense kang misuwur paling ake yasan parkantoran. Menara-menara kang ana ing arondisemen angka 13 kang paling akèh dianggo panguripan utawa omah pamukiman wong sugih,kang dumunung ana ing kidul arondisemen, kang didadèkaké salah sijiné kampung Pecinan ing jaman saiki.Wangunan kang paling akèh ing tlatah Front de Seine, kang dumunung ana ing sisihé Menara Eiffel,kagolong yasan kuna utawa lawas uga diyasa ing taun 1970-an lan 1980-an pakampungan iki duwé campuran kang manggoni yaiku wong kang bisnis lan kantoran.

Wangunan kang paling dhuwur liyané kang ana ing tlatah Paris,kang utama yasan kang cerak saka dalan bébas Périphérique yaiku Les Mercuriales kang ana ing Bagnolet, Tour Pleyel ing Saint-Denis,lan Hôtel Concorde Lafayette ana ing pusat kutha (cerak Porte Maillot). Pencakar langit Paling dhuwur kang ana ing Paris yaiku, Tour Montparnasse,dadi salah sijiné yasan kang madeg ana ing laladan Montparnasse.

  1. by Egbert Gramsbergen and Paul Kazmierczak, Almanac of Architecture and Design 2004. "Skyscraper Cities Ranking List". Dibukak ing 2006-06-29.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search